KIDUNG ASMARA
Nimas,
Dhak serat nopo ingkang wonten nglebet penggalih menika.
Leganono kawula ingkang tansah larung wuyung sajroning wangimu.
Leganono penggalih adalem ingkang tansah gandrung kasengsem ndeling kasulistyanmu.
Sinaoso namung nyawang esemu ugi ngelus alusing warni panjenengan.
Utawi saged andum asmara ingkang tan winates dening kala.
Nimas,
Namung sliramu ingkang dados katresnanku.
Namung sliramu ingkang dados penggalih adalem.
Namung sliramu ingkang dados mawi adalem.
Priyantun manis pepujanku.
Kawula ingkang tansah ngrantosi sliramu.
Kawula ingkang tansah nuwuni sliramu.
Kawula ingkang boten tega menawi ta sliramu nemahi sudra.
Kawula ingkang boten rila menawi ta sliramu kegerah - gerah.
Nimas,
Menawi wonten pedhut rinajut jawah ingkang ngrekes penggalih
Binarung gegumuling mendhung ingkang nyaput pucuking redi
Punika gambaran piluting asmara ingkang tansah nggraita sliramu
Ingkang tansah kesengsem penggalih adalem menawi ta midhanget swanten panjenengan
Kados sekar kasmaran ingkang ngebaki endahe lamunanku
Ingkang tansah ngridhu kapang adalem menawi nyawang esem panjenengan
Kados memanise widodari ingkang tumendhak samadyanipun bumi sakadosta
Menawi cinandra pindha Dewi Ratih ingkang dados pepujane jagad raya
Nimas,
Menawi rinasa asrep ing wanci enjing ingkang kumrekes sinaput kabut.
Rinias tumetese tirta bun ingkang cumlorot ing pucuke ron-ronan.
Punika cumloroting katulusanku ingkang linukis sajroning tresnaku.
Ingkang tansah setyo ngrantosi praptamu.
Sinaoso kedah tinengga sawindu.
Nimas,
Menawi wonten suruping rinten ingkang kairing sileping surya ing tembe sonten.
Rineka ndeling sumilir angin ingkang ngudal sakabehing lelamunan.
Punika kawula ingkang tan kendat ngentun pepuji ndeling sliramu.
Priyantun endah ingkang tansah sumandhing wonten impenku.
Priyantun endah kusumaning penggalih ingkang kagadhang wonten telenging penggalih.
Nimas,
Menawi wonten lingsiring ratri rinajut weninge madya dalu.
Pinaes ndeling kidunging ratri ingkang ndadekke nglangute penggalih.
Punika kawula ingkang nembe nyungging kapang adalem ndeling endah manismu.
Punika kawula ingkang nembe memuji tresna sejatos adalem kagem sliramu.
Datan kendha senaosa bumi kapegat samudra.
Datan sirna sinaoso kartika pamegeng ndeling sasongko.
Nimas,
Kairing sumunaring baskoro ing pungkasan mangsa ketigo.
Gumrojoging tirta lepen grindulu sapun bisu.
Agunganipun tresnaku ugi kapang adalem.
Duhh priyantun endah.
Adalem- emutaken ndeling sliramu.
Dhateng janji - janji ugi sumpahmu.
Dhateng tekad ugi prasetyamu.
Ingkang badhe sugeng bebrayan klawan kawula.
Ingkang badhe ndhestar tangsul kaluwargan klawan kawula.
Namung sliramu ingkang adalem- upados sajroning sugeng adalem.